antyo.rentjoko.net

Jump to content

Additional information

About antyo.rentjoko.net

menampung yang terserak

Subscribe to this

Categories

Archives

Tags

100 Kata ahmad dahlan Biasa Bisnis Blog blogger Desain Entahlah fashion gandaria Hiburan humor iklan Internet Jajan jakarta jakarta selatan jejaring sosial jepretan ponsel kebayoran baru kesehatan kotareyog.com kuota kata langsat lebaran lingkungan Media microblogging mudik musik otista payudara Perjalanan ponorogo promosi properti Sejarah Seni sepatu Silaturahmi solo Teknologi toilet twitter yogyakarta

Bookmarks


Posts filed in ‘témbré!’


Ampyang, Gula Kacang, lan Bis

Jan 2010
26

ampyang gula kacang

Biyèn jaman aku isih bocah, amarga anyaran pindhahan saka Yoja menyang Salatiga, aku kerep diguyu kanca-kanca amarga ngarani permèn iku “mbanggula” lan ngarani gula kacang iku “ampyang”.

Béda papan béda aran. Ananging saya suwé wong Salatiga uga bisa nampa ampyang, kira-kira wiwit tahun wolungpuluhan. Wong-wong kang kerep lelungan lan nglaju makarya numpak bis Solo-Semarang kerep ditawani ampyang déning bakul-bakul (tukang asongan) saka Boyolali. Sangsaya suwé wong-wong dadi wanuh marang tembung ampyang.

Mengkono iku saélingku. Yèn para sutrisna kagungan panemu liya sumangga maringi wewaler. :)


Saliter Beras Nganti Sabajeg, Sathékruk, lan “Saktem”

Dec 2009
21

meteran kanggo ngukur. apa ana sing gatel?

Ing Jakarta lan sapinggirané isih lumrah yèn wong tuku beras ing warung nganggo literan. Ing Salatiga (biyèn) uga nganggo liter, ananging ing Semarang lan Yoja nganggo kilogram. Mulané swargi kangmasku biyèn nalika tuku beras ing Demangan, Yoja, dilokaké déning bakulé, “Kok kados tiyang Jakarta, nganggih liter?”

Ora apa-apa, iku mung pakulinan lan bab kamupakatan. Yèn ngerembug ukuran pancèn ana baé ceritané. Kapan kaé aku dianggep ndésani amarga ngarani “sepuluh unit” iku “sajinah”. Yo ben.

Ana uga ukuran sing sajané ora cetha. Kaya to “sabajeg” lan “sathékruk”. Iku sapira akèh utawa sapira sathithik?

Malah ana lho kang kurang prayoga, amarga rasis, umpamané, nuwun sewu baé, “Akèh banget, nganti sandhayak!”

Pancèn ana kang bisa diukur, umpamané, “Aku iki sapa to, mung saireng kukuné Paman Patih Blont(h)ank.” Kamangka kukuné Patih iku ora naté ireng tur kerep dikethoki.

Kang bisa diukur durung mesthi pas ing presisi. Kaya to sadhepa — amarga tangané wong ora padha dawané. Jaman aku cilik biyèn ora dianggep saru yèn bocah lanang lan wadon dolanan lompat-lompatan nganggo ukuran sakgul (sagulu), sakdha (sadhadha), sak’ud (sawudel), sakdheng (sadhengkul), lan… “saktem”! :D

© Gambar: imagecollection.com.au


Klisé lan Kelis

Dec 2009
19

film negatif utawa klise cliche

“Saiki jaman digital, motrèt ora butuh kelis,” mengkono kandhané Mbakyu Tulkiyem.

Kelis? Oh jebul sing dikarepaké iku “klisé” — saka tembung Prancis “cliché” kang diangkut déning basa Landa banjur dijupuk déning wong Melayu, lan ing pungkasané wong Jawa kulak prungon.

Nyatané nganti saiki ana baé wong Jawa kang nganggep “klisé” iku saka tembung “klis” utawa “kelis” banjur diimbuhi “é”. Mulané ana sing nganggep kang bener lan pener iku “kelisé” dudu “kliséné”.

© Gambar: www.perfect-picture.co.uk


Anak Munyuk iku Sapa? Kowé!

Dec 2009
19

anak monyet itu kowe atawa kamu!

Jaman aku isih bocah, ana sawijining bedhèkan kang wagu tur malah ala:  “Anak jaran kaaran belo. Anak kadhal kaaran tobil. Lha yèn anak munyuk iku diarani apa?”

Wangsulané mesthi ngéné iki: “Anak munyuk iku kowé!”

Jan ora prayoga babar pisan. Sapa to ya kang maringi piwulang ora bener? :D

© Gambar: www.customclockface.com


Amenangi Jaman Waras

Dec 2009
11

madmad

Sakjané apa to kang diarani jaman édan? Para sutresna mesthiné baé tansah émut marang Serat Kalatidha. Aku ora mbalèni ing kéné, mula dak sumanggaaké padha maos piyambak.

Lha yèn tak gagas-gagas kok kaya-kayané saben jaman iku akèh wong kang rumangsa manawa jamané pancèn édan temenan. Angger akèh prekara kang ora pener, tur sumebar sakèhing tlatah, iku ateges jaman édan — kamangka iku ana terus. Ateges jaman édan iku saka biyèn (malah sajaké saka purwaning dumadi) nganti embuh kapan (=kiamat) tansah ana waé.

Saumpama kabèh jaman iku édan, banjur kapan ana jaman kang waras? Kok cilaka temenan yèn kita ora naté amenangi urip ing jaman waras. Luwih cilaka manèh yèn kita ora naté waras.

© Gambar: www.dccomics.com/mad/


Bè’i utawa Andha Mantèn

Dec 2009
09

Kancaku mau, jenenge Lik Yusro, nggeguyu aku amarga aku takon, “Ana bè’i apa ora? Arep kanggo pènèkan iki, Kang!” Muga-muga para sutresna isih pirsa sawijingan andha kang kaaran bè’i — dudu “bèi” lho. Iku andha letter A kang béda karo andha biasa sing mung lempeng lan disèndhèkaké ing témbok.

Banjur Lik Yusro nyauri, “Oh sing mbok karepaké kuwi andha bapak-ibu? Ya, Anda mantèn to?” Aku mung mèsem. Embuh saka ngendi asalé kok ana sing ngarani “andha bapak-ibu”. Lha yen bab “andha mantèn” mbok manawa waé amarga be’i kerep dienggo masang tarub yèn ana priyayi kagungan gawé kanggo mantu.

Lha yèn ngobrol kahanan jaman saiki, bè’i saka aluminium iku kagolong barang kang diincer juru colong-jupuk lan tukang ngapusi amarga ènthèng ananging regané larang.

Lha yen “bèi”? Oh iku kanggo ngajèni priyagung kaya déné Dèn Bèi Loring Pasar. Yèn saiki ya Dèn Bèi Wetan(ing) Ruko.

© Gambar: diytrade.com


Montor, Motor, Pitmontor, Montor Udhug

Nov 2009
26

uno_motorcycle_segway

Kancaku cerita yèn nalika SD dhèwèké budhal lan mulih saka sekolah cukup mlaku, banjur nalika SMP numpak angkot, lan nalika ngancik SMA “numpak montor”.  Semono uga nalika kuliyah, “numpak montor”. Aku ngirané dhèwèké numpak wahana kang lumrahé kaaran “mobil”. Jebulé kang dikarepaké iku numpak “motor” utawa sepedha motor.

Pancèn ngéwuhaké tetembungan “montor” lan “motor”. “Montor” iku mobil. Motor iku sepeda motor. Lha yèn “pitmontor” utawa “montor udhug”? Ya sepedha motor. Sajaké waé amarga nuwuhaké mumet mulané ana kang ngarani sepedha motor iku “montor”. Wahana nganggo roda papat kang dilakokaké déning mesin? Iku dudu “montor” ananging mobil.

Sangertiku wong Jawa kang isih nganggo tembung “montor” iku akèh-akèhé para sepuh. Yèn nom-noman, saka tahun 80-an nganti saiki ngarani mobil. Wong kang isih nyebut “montor” dianggep kuna tur ndesani banjur digeguyu lan diécé. :D

Iku durung sepiraa. Saiki wis dianggep lumrah yèn ngarani “pitmontor” utawa sepedha motor iku “pit”. Lha pit kang tanpa mesin? Iku kaaran pit onthèl.

Ana manèh kang anèh. Yèn ana wong nyebut kendaraan iku bisa ateges “motor”. Kamangka kendaraan iku bisa mawujud gerobag, dhokar, sadho, andhong, pit, sepedha motor, lan montor utawa mobil. Tembung kendaraan kang ateges sepedha motor iku sangsaya akèh kocap wiwit tahun 80-an.

Dadi ya bisa waé yèn ana thomprang “kendaraan dilarang masuk” iku ditegesaké “sepeda motor dilarang masuk“. Truk lan bus oleh mlebu anggeré regolé cukup.  :D

© Gambar: embuh


Gus, Nang, Lé

Nov 2009
12

Aku nembé waé nulis bab bangku goni tilas karung kopi. Bangku langgam ottoman iku direkadaya dèning Gus* Design Group. Nalika nulis mau aku émut marang celukan “gus” kanggo bocah lanang.

“Gus” iku biyen lumrah ing Yoja lan Jawa Tengah kanggo nyeluk bocah lanang. “Gus” saka “bagus”, ora ana gandhèng cènèngé karo santri apa dudu. Biasané kang diceluk “gus” iku bocah lanang kang dadi putrané wong kang dianggap (rada) priyayi. Tegesé, “gus” iku sakndhuwure “lé” (tholé — saka tembung, nuwun sèwu, “kon….”). Ya, “gus” rada cedhak karo “nang” (saka “lanang”)

Sangsaya suwé “gus” ing Yoja lan Jawa Tengah iku luntur. Ananging “lé” lan “nang” isih. Sibu yèn nimbali aku kadangkala uga “lé” (tekan aku tuwa anak-pinak), semono uga yèn nimbali putu lanang.

Lha babagan “gus”, amarga sangsaya suda pengocapané, yèn saiki para sutresna mireng “gus” langsung digandhèng-cènèngaké karo para kyai utawa berayat kyai ageng. :D

Iki aku ora rerasan bab SARA lho. Ora ana sentimen kang nyèrèt agama lan sapanunggalané. Lha wong wus kasunyatan pancèn celukan “gus” uga ana ing pesantrèn saka biyèn. Sanjabané pesantrèn, ibu-ibu ing Jawa Timur uga ana kang ngaturi kakungé “gus”. Ing Yoja lan Jateng sangertiku ora mengkono. Luwih lumrah “mas”.

Mengkono kuwi dobosanku kang kawiwitan saka karung goni. Aku banjur émut marang swargi Bu Dwijo ing Kuwageyan, Polanharjo, Klaten. Aku biyèn, jaman kuliyah, kerep dolan mrana, nginep, amarga melu putrané kang banjur kakang ipeku. Sibu yèn nimbali aku, “Gus Antyo”. Kaya déné swargi budhéku kang nimbali aku, nalika aku SD: “gus”. Kamangka aku luwih manteb yèn ibuku dhéwé nimbali sisan ndukani, “Le! Lha piyé to, bodho kok dipèk dhéwé!” :D Lha sinten ingkang purun kula sukani bodho?


Sisa lan Turah(an)

Nov 2009
09

blekpores utawa blackforest

“Wis disisakaké kanggo kowé. Kuwi lho, blackforest. Panganen to! Entèkna waé, ora susah isin!” mengkono gunemé Miss Ribut. Mister Belang Patingplonthang ora ketrima ing manah, “Sisa? Aku gemang nèk mbok padhakaké waung!”

Kersané Mister Belang Patingplonthang, “Mesthiné aku diturahi. Sisa lan turahan kuwi béda, Jeng.”

Jebulané apa kang dikersakaké Mister Belang Patingplonthang iku kaya kang biyen dingendikaké ramaku swargi. Yen sisa utawa nyisani iku ora ana krenteg kanggo mènèhi leliyan ananging dadi diwenehaké amarga ora entèk. Mulané dibuwang menyang jugangan apa dipangan leliyan ya padha waé. Sing pokok iku panganan semingkir.

Lha yèn nurahi, iku amarga saka sadurungé wus ana niyat pawèh utawa atur cumawis marang leliyan. Wus disisihaké. Apa sing ana dibagi, ora dipèk dhéwé. Ora mélik lan murka kanthi ngelalèkaké wong liyané.

“Wooo ngapain juga repot? Kan yang penting hasilnya? Barangnya ada apa nggak?” mengkono sahurané Den Mas Aji Wicaksana, sawijining priyayi Jawa kang modern tur mbagusi — kathik rada okol lan kadhangkala nggragas mangas. “Hasil, bukan proses,” piyambaké maringi piwulang.

Apa wong Jawa pancèn nganyelaké, ya? Niyat waé kok dadi pétungan ing rasa. :D

© Asal-usulé gambar: embuh


Bangkok Bank: Bank kok Bank

Nov 2009
08

memo-bangkokbank

Aku olèh guyon wagu tur ora mbejaji iki saka kakang mbarep kang jejuluk Dèn Mas Kemlinthi Nganyelaké. Sawijining dina piyambaké crita yèn ana priyayi saka Sala kang tindak menyang Jakarta. Nalika liwat Bangkok Bank ing Jalan Thamrin, priyayi Sala iku nggremeng, “Bank kok bank…”

Nalika wingi nulis ing salah sijiné blogku, aku rada répot anggoné mindhahaké guyon Jawa iku dadi basa Indonesia. Ora gampang. Sajaké kaya dené nginggrisaké iklan plenthong Philips Indonesia jaman biyèn, “Terus terang Philips terang terus.”


Paging

Credits

Template designed by praegnanz.de.

© Contents by Antyo Rentjoko