
Dudu warta anyar. Wis kababar yèn Sony Ericsson (SE) nggawé rong ponsel kang duwèni menu basa Jawa lan basa Sunda. Ponsel iku mau W302 Walkman lan S302. Loro karoné padha regané, yaiku Rp 1,5 yuta. SE kaya déné mbagusi, nyebut barang anyar iku “Pertama di dunia!” (iya, nganggo tandha penthung).
Aku dhéwé durung weruh apa manèh nyoba ponsel kang kasebut mau. Aku mung pingin ngerti, umpamané waé saka 10 wong Jawa kang duwèni salah sijiné ponsel iku, pira sing nggunaaké menu basa Jawa? Semono uga tumrap wong Sunda.
Kaya-kayané luwih prayoga yèn SE nganaaké riset, ndangu para konsumen liwat SMS.
Lha pitakonané SE kanggo riset mau nganggo basa Jawa apa Indonesia? Nyumanggaaken.

Apa bisa panjenengan para sutresna mbabaraké DNA kanthi cekakaos ing basa Indonesia?
Aku ora bisa amarga panci ora pati mudheng DNA (deoxyribonucleic acid). Ééé… sakndilalah aku nemu tulisan bab DNA ing Wikipedia basa Jawa. Kok ya rada grothal-grathul anggonku maca.
Saliyané DNA uga ana carita bab Amnesty International. Iku lho sawijining paguyuban kang ngurusi lan ngélingaké sapepadhan supaya ngurmati “hak-hak asasining manungsa”.
Lha ananging jebulané kaca babagan AI isih kothong. Sajaké panci orang gampang anggoné ngisi tulisan. Ora kabèh wong duwé wektu (lan ya uga durung mesthi bisa) nulis kanggo Wikipedia Jawa.
Sakjané Wikipedia basa Jawa iku ndemenakaké. Ing atasé jaman saiki kok ya isih ana kang nyengkakaké nulis kamangka kawruh kaya mengkono iku luwih gampang disinaoni yèn kaserat ing basa Indonesia.
Panjenengan mesthiné pirsa yèn ing desa-desa Jawa Tengah lan Jawa Wetan iku bocah wiwit kelas telu SD wus nampa piwulang nganggo basa Indonesia. Radio lan televisi uga nganggo basa Indonesia. Basa Jawa ora dadi basa lumantar ing rembugan ilmiyah lan kawruh modern.
Mulané aku banjur munandika, “Lha sapa kang bakal ‘manpangataké’ Wikipedia Jawa?”

Mau awan pas panas drandhang, srengéngé krasa semlengèt amarga wus nyedhaki katulistiwa, ujug-ujug udan deres bres.
Iki udan kethèk, mengkono aku mbatin. Embuh sapa kang celathu, “Udan wicak!”
Biyèn nalika aku isih bocah, biasané ana ukara jangkep “udan kethèk macan dhédhé”. Aku nganti saiki ora ngerti kenapa kok iku diarani udan kethèk kamangka ora ana munyuk sing tiba pating tlepog. Banjur macan dhédhé iku saka ngendi asalé?
Yèn para sutresna pirsa bab asal-usulé tetembungan mau, sumangga ngendika lan nyerat ing kéné.
Oh ya, aku dadi éling jaman bocah: “Udano sing deres tak opahi duduh tapé!”
© Gambar: Témbré